Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Prajurit Jogokariyo dipandhegani dening priyagung kang pangkate Kaptein, dene pangkat kalenggahane Tumenggung. Umpamane: Bupati Anom Prajurit Wedono Jogokariyo asmane Raden Tumenggung Jayaningrat. Daleme ing Pugeran. Ageman Kaptein: topi songkok ireng diplisir bludiran kuning emas blangkon ireng wulung mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan bludru ireng dibludir kembang-kembangan lunglungan kuning emas, ing jaban klambi ngagem kamus bludiran kuning emas mompyor. Ngagem keris branggah (ladrang) bisa dianggar ing ngiringan sisih tengen dene kang sisih kiwa kanggo nganggar pedhang komandho. Ngagem clana panji-panji ireng bludiran, plisir kuning emas, lan jarit kaprajuritan (lerek parang gapit) supit urang, ing kiwa-tengene ngagem boro cindhe kembang gombyok gim kuning, kaos sikil ireng polos, sepatu pantopel ireng, nganggo dhasi kupon, lan kaos tangan putih.
Ageman kaya kasebut dhuwur iku yen pinuju ngayahi jejibahan gladhi resik ing Alun-alun Kidul. Dhek biyen para Kaptein nitih jaran ing sisih tengen barisan prajurit. Yen pinuju ngayahi tugas Grebegan, agemane ganti kaya kasebut ing ngisor iki:
Ngagem kuluk putih polos. Klambi bludru ireng sikepan bludir kembangan kuning emas. Ngagem dodot (kampuh) semen gurda latar putih. Ngagem lonthong cindhe kembang kamus ireng bludiran. Ngagem keris branggah (ladrang). Ngagem clana cindhe kembang gubet, selop ireng sunggingan, ngasta teken komandho.
Panji Jogokariyo
Panji Jogokariyo ciri-cirine mangkene: topi tempelangan rinengga sunggingan kuning kaya jemang wayang dhasar ireng kain kastup. Blangkon ireng wulung nganggo mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan lurik garis gedhe-gedhe ireng putih, bludiran kembangan kuning mompyor.
Rangkepan hem warna oranye uga sineling strip kuning benang emas, lukisan lunglungan. Lonthong cindhe kembang kamus ireng bludiran kuning emas. Kiwa-tengen ngagem boro cindhe kembang gombyok gim mompyor. Keris branggah (ladrang) disengkelit ing buri geger. Nganggo sayak putih susun telu, rempelan, ing pinggir diplisir kuning emas. Clana panji-panji nutupi dhengkul dibludir kuning emas. Kaos ireng tumrap panji, dene yen jajar ora nganggo kaos tangan. Nganggo srempang kuning polos lan ngasta pedhang komandho.
Ciri-ciri abdidalem Jogokariyo asmane ing ngarep nganggo tembung Parto, umpamane Partonambur, iki penabuh tambur prajurit Jogokariyo.
Raden Panji Partowijoyo iki sing ngasta Panji Printah. Pembageyane lemah pekarangan uga padha kaya panji-panji liyane. Panji 4000 meter pesagi, Sersan 2000 meter pesagi, dene Jajar kurang luwih 1000 meter pesagi, mapan ing Kampung Jogokariyan, Kecamatan Mantrijeron, batas kota Jogja sisih kidul.
Sing ngasta Juaja Dara (gendera) agemane meh padha karo ageman Panji, ngagem krego srempang kuning malah kepara persis padha. Semono uga tumrap sersan bedhil (sela api) lan tumbak, topine sunggingane kuning, klambine ora dibludir kuning, polos kaya penganggo jajar. Jejibahane prajurit Jogokariyo sing baku tungguk kemis (caos) = ing papan-papan kang wis ditemtokake. Jenenge wae wis ngarani Jogokariyo: mesthine njaga keamanane yen ana parigawe.
Prajurit-prajurit iku mau pinangka rerangken upacara gladhi resik ing Alun-alun Kidul lan upacara Grebegan ing Alun-alun Lor, tugase ngurmati hajad dalem gunungan sarana ngedrel (salvo).
Blanjane ing saben sasi uga kaya prajurit liyane: Panji: f.10 perak dhuwit Walanda, Sersan: f. 5, gelo/perak, Jajar: f. 2,50 –seringgit.
Secara global ageman sasetel mangkene: topi tempelangan blangkon ireng wulung mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan lurik garis gedhe putih. Rangkepan hem ing jero werna oranye. Clana lurik panji-panji. Lonthong (stagen) abang kamus ireng polos. Kaos sikil ireng polos sepatu pantopel. Saya putih rempelan pesagi dawa susun telu. Keris branggah (ladrang). Gegamane bedhil lan tumbak Sabregada cacah 80 jiwa (sagendera).
Juaja/Klebet
Juaja/klebete pesagi papat dhasar jambon, ing tengah plenthong bunder ijo. Jenenge: Papasan. Landheyan/waos: trisula. Instrumen: Slompret siji diasta M. Partoberdonggo. Tambur loro diasta M. Partopenambur lan Partotengoro. Suling loro diasta M. Partopermuni lan M. Partopengrawit.
Lambang gendera ora dijelasake maknane. Rerangken prajurit tekan saprene mujudake naluri lan ngipuk-ipuk kabudayan Jawa, mula mung kari nemu apa anane. Dene iringane gendhing, yen pinuju lampah macak: Slahgunder, lampah mares: Tameng Maduro.
Gendhing-gendhing kang ditindakake prajurit unen-unen saiki wis rada owah, amarga kurang tlaten anggone sinau nirokake iramane gendhing. Nanging lumayan isih ana kang bisa nerusake secara estafet marang generasi mudha.
DITYA Kala Marica iku abdi kinasihe Prabu Dasamuka. Wujude buta lemu, nanging praene rada ana mempere karo Buta Cakil. Lire, matane mata kriyipan, tutuke mrenges, untune lancip-lancip kaya parang curi, siyunge modot sagedhang emas ngrenggani pojok tutuke kiwa lan tengen. Untune sing ngarep iya nyongat kaya Cakil. Rambute gimbal, diore tumumpang pundhak kiwa lan tengen. Wetenge mlenthus.
Tumrap sedulur-sedulur dhalang sing jroning kothak wayange durung sumadhiya wayang Kala Marica, paraga iki adate sok diganti nganggo wayang Buta Cakil, utawa malah wayang Sukasrana, ning mesthi wae ya dudu Sukasrana sing wanda mbocahi kae.
Jalaran apa, nadyan amung jejering abdi, lan gambarane kaya buta sing ora ndayani, ning paraga iki kasinungan kadigdayan linuwih. Bisa mancala putra mancala putri, salin rupa apa wae, kalebu dadi kidang kecana. Pinter, akale akeh, sugih rekadaya, ning jenenge wae buta, mula watake ya licik.
Ing lakon Arjuna Sasrabahu, Kala Marica mbelani Prabu Dasamuka kang wis dibanda lan dilarak-larak kreta dening Prabu Arjunasasra ratu ing Maespati. Kanthi dhedhemitan, Kala Marica lumebu ing Taman Maespati, matur marang Dewi Citrawati garwa prameswarine Sang Prabu yen Prabu Arjunasasra seda dening Dasamuka. Lan gara-gara kabar apus-apus iku, Dewi Setyawati lan para marune putri dhomas cacah 800 padha suduk salira bela pati.
Ing lakon Subali-Sugriwa, Kala Marica dhinawuhan ratu gustine ngobong-obongi gegedhuging wanara sakarone kuwi, sawise Dasamuka entuk aji Pancasona saka Subali. Sugriwa lan Subali klakon perang. Ning nalika iku Sugriwa kalah, disawatake, lan tibane kejepit ing wit asem dhampit.
Kala Marica uga tau melu mimpin satuan khusus wadya Alengka sing antuk tugas ngobrak-abrik pratapane para wiku ing wewengkon sakiwa-tengene Alas Dandaka. Wewangunan pacrabakan tanpa wilangan dibumi hangus. Akeh pandhita ditugel gulune. Nganti ana sing banjur lapur njaluk pitulungan marang Ayodya lan antuk sraya, rawuhe Raden Rama lan Laksmana.
Kumendhan tentara buta Alengka, ditya Subahu klakon mati dijemparing Rama. Kala Marica kang dadi wakile, ganti methukake Rama karo mateg aji pengabaran. Nanging ora wurung bareng ketaman panahe satriya saka Ayodya iku uga dadi tanpa daya. Temah kontal kabuncang ing angin gedhe. Kumleyang ing gegana, banjur tumiba ing tengah segara. Isih untung, durung mati pisan. Dene kabeh bala andhahane padha larut kaya tambak merang ketrajang ing banjir bandhang.
Nuju sawijining dina, Dasamuka diwaduli Sarpakenaka yen Rama lan garwane, Dewi Sinta lagi ana ing Alas Dandaka. Sanalika kumat lara bratane Dasamuka marang titising Widawati kuwi. Banjur mijil saka dhatulaya, nggoleki Kala Marica didhawuhi mbantu anggone arep mbradhat Dewi Sinta.
Lelorone banjur tumuju Alas Dandaka. Satekane ing kana kekarone banjur padha mancala warna. Dasamuka malih wong tuwa papariman. Kala Marica malih Kidang Kencana, klintar-klinter ing cedhak papane Rama lan Sinta. Dewi Sinta kepranan banget marang kidang endah iku, lan mothah supaya kidang iku dicekel.
Gelising critane, kidang kencana sing endah malihane Kala Marica kuwi tetela angel cekel-cekelane. Banjur diburu saparan-paran, saya adoh saka papane Dewi Sinta. Nganti wusanane lagi bisa kecandhak sawise dijemparing, ning banjur badhar sanalika bali wujud dadi buta Kala Marica.
Saka pambantune Kala Marica, Dasamuka kasil mbradhat Dewi Sinta, digawa mabur bali marang Alengka. Nanging Kala Marica dhewe ya kudu tombok nyawa. Mati ing astane Rama Regawa.
Wewarah Jawa kang adiluhung asring karacik awujud tembang kang edi peni. Kejaba minangka karya sastra kang endah, kanthi wujud tembang bisa luwih rumesep ing ati. Minangka conto, Serat Kalatidhakaryane pujangga agung RNg Ranggawarsita (1802-1874 M) diracik wujud tembang Sinom, dumadi saka sapupuh pambuka lan 12 pupuh isine. Pupuh kapitu Serat Kalatidha iki, katelah ‘Zaman Edan’.
Kejaba iku, supaya ora gampang kececer lan tansah cumanthel ing ati, wewarah Jawa uga asring karacik awujud tembung utawa ukara kang gampang dieling-eling. Minangka conto, keparenga aku ngaturake wewarah Jawa lima kang karacik kanthi tembung utawa ukara sarwa lima, sing dak sebut Panca Wewarah.
MA-LIMA
Uripe manungsa bakal nistha lan cilaka yen nganti keblasuk nindakake pakarti Ma-Lima. M-ain (ngabotohan), m-adon (zina, slingkuh, royal), m-inum (ndem-deman inuman keras), m-adat (ndem-ndeman candu, narkoba, ganja), m-aling (colong jupuk, korupsi).
LIMA-A
Uripe manungsa bakal mulya yen bisa ngugemi lan ndarbeni Lima-A:Pusak-a (cekelan, gaman, pandom, paugeran urip, yaiku agama), garw-a (sigaraning nyawa, bojo, kang bisa nentremake urip), turangg-a(panggaotan, tetumpakan, pagaweyan kanggo luru kebutuhan ngaurip), wism-a (papan pangeyube urip), kukil-a (panglipur, barang-barang seni, sarana kanggo nglandhepake rasa pangrasa).
BA-LIMA
Wong yen arep milih anak mantu, ukuran ideale Ba-Lima: B-ibit(keturunan saka keluwarga kang becik), b-abad (riwayate urip tanpa cacat, ora nate tumindak nistha), b-ebed (lantip, pinter, cerdas), b-ebed(bregas, bagus, ora crobo), b-obot (cekel gawe, tanggung jawab, mapan, ora lonthang-lanthung).
MA-LIMA
Kewajibane wong wadon marang garwane iku Ma-Lima, supaya tentrem bale wismane. M-acak (tansah tampil bregas, resik, wangi sedhep, ora nglomprot), m-asak (ngladeni dhaharan kang nyocoki selerane garwa), m-lumah (aja wegah/ogah-ogahan “ngladeni” garwa), m-anak (kudu siap lan rila nglairake anak), m-radani (bisa ngrumat omah kanthi becik, resik, endah).
LIMA-E
Wong urip ana ing alam donya iku ora kalis saka rubeda lan pacobaning urip. Kanggo ngadhepi rubeda lan pacobaning urip iki, Cak Nun, Kyai ‘Mbeling’ saka Jombang paring wewarah marang umat Muslim sing disebut Tamba-Ati, kang dumadi saka limang perkara, yaiku Lima-E.
Maca Al Qur’an sakmaknan-e (maca, mangerteni lan ngamalke Al Qur’an), zikira kang suw-e (tansah eling lan memuji marang Allah SWT), sholat wengi aja sup-e (tansah sholat sunnah tahajud), prihatina kanthi padharan kang luw-e (tansah pasa sunnah), sarta kumpulana wong kang becik ing panggaw-e (caketana lan tansah nyuwun pitedah marang wong kang soleh).
Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku.Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina.Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka.Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja.
Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana.
Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.
Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali, Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging ndonya.
Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.
Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha dhugdheng kuwi.
Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep age-age ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.
Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani. Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan Manumayasa.
Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama.
Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.
Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane kahyangan.
Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.
Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane.
Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga puliha.
Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene dadi pusakane Pandhawa.
Ature: Waluja Djati
Jaya Baya 49/LX, 6-12 Agustus 2006
“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”
Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.
Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.
Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing dibumboni.
Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.
Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.
Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.
Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.
Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.
Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan, pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.
Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.
Jawa: Nubuat
Dalam kitab Djayabhaya, Raja Hindu yang memerintah kerajaan Jawa delapan abad yang lalu, itu tertulis bahwa orang kulit putih akan datang satu hari ke Indonesia. Ia akan tinggal untuk menguasai pulau-pulau bertahun-tahun. Kemudian, untuk tiga tahun “kehidupan ayam betina,” pria kuning akan memerintah. Dan setelah tiga tahun, orang-orang akan mengatur dirinya sendiri.
Pekan lalu orang kulit putih yang digulingkan kembali ke Hindia Belanda, tetapi dalam gaya remeh. Orang kulit kuning yang menguasai sudah luluh lantak, tetapi ia tidak pergi. Keduanya dari mereka telah kehilangan muka. Dari rakyat yang tertidur mendadak bangkit dengan semangat memerah darah mencari pemenuhan atas Djayabhaya nubuat. Untuk saat kekosongan, tidak ada yang berkuasa di Indonesia.
Taruah yang tinggi. Selain pertanyaan sederhana mengenai kedaulatan – dan pertanyaan kompleks satu orang benar atau kewajiban untuk memiliki lain – termsuk kekayaan Hindia. Mereka berbaring di sebuah galaksi dari 3.000 pulau-pulau yang subur, duduk mengangkang ekuator dan dihuni oleh masyarakat polyphyletic terdiri atas 72 juta jiwa.
Kekaisaran siapa? Belanda masuk ke Indonesia pada 1595. Membangun kerajaan mereka dengan East India Company segera memulai proses tamak yang mengurangi banyak hak atau domain pangeran pribumi selama satu setengah abad. Sejak saat itu, kecuali pendudukan singkat Inggris (1811-16), Hindia merupakan properti Belanda hingga Perang Dunia II.
Orang-Orang Belanda mengeksploitasi kepulauan menjadi sebagai salah satu perkebunan luas, yang mampu menyalur lada, kopi, karet, timah, minyak dan kulit pohon kina dalam perdagangan dunia alih-alih sebagai milik mereka, kurang rakus pasar dalam negeri. Mereka membarat-baratkan atau mengkristenkan budaya yang lama (terutama Islam). Mereka tidak bertujuan untuk menghapuskan perbudakan hingga AS melakukannya, Indonesia tidak memberikan suara pada pemerintah sampai abad ini.
Tetapi sebagai kekuatan kolonial pergi, belanda yang tercerahkan. Setelah menjadi bapak Eurasia, mereka menerima mereka ke dalam kehidupan sosial dan politik sepanajang 9.900 mil yang menghubungkan Amsterdam – Batavia sebagai sumbu. Selama 125 tahun terakhir, penduduk asli Jawa telah membengkak dari empat juta menjadi 44 juta. Pulau adalah dunia yang paling padat penduduknya daratan.
Mencicit ke bawah. Nasionalisme dibesarkan yang lemah lembut kepalanya di Jawa satu generasi yang lalu. Sebuah hasil dari pendidikan pribumi oleh Belanda, cicitan pertama pada tahun 1908 adalah yang aman & waras yaitu perkumpulan Boedi Oetomo (Berupaya tinggi), yang didirikan oleh beberapa bangsawan mahasiswa Kedokteran Jawa. Sebuah perkumpulan dari kelompok beraliran sama mengikutinya. Dalam satu dekade nasionalis seperti Soekarno yang berwajah halus, pandai bicara, lulusan teknik dari Universitas Teknik Bandung, dan Mohammad Hatta, yang bersekolah ke Amsterdam University, sedang bersiap dengan ide berani. Mereka telah mendengar hal seperti komunisme, penentuan nasib sendiri, revolusi. Dalam usia 20an yang masih bersemangat mereka sempat merasakan sebentar di penjara. Soekarno, yang tidak menggunakan nama lain, adalah pendiri utama PNI, (untuk Partai Nasional Indonesia), yang oleh Belanda pada tahun 1929 menjadi tamparan hebat. Meskipun demikian-kecuali di kemudian hari karier dia bisa menjadi Indonesia’s George Washington.
Jepang sang penakluk api nasionalis. Mereka memenjarakan Gubernur Jenderal berkepala dingin A.W.L. Tjarda van Starkenborgh Stachouwer, yang kaku, dan beraliran Pegawai kuno. Setiap orang Belanda yang mereka temukan diletakkan di balik jeruji besi. Semua melalui kekuasaan manusia kuning yang hanya semasa hidup ayam betina, dengan propaganda rasis-nya yang tidak terbantahkan. Indonesia tidak pernah mendengar janji Ratu Wilhelmina, yang tersiar luas setahun setelah Pearl Harbor, untuk memberi mereka kemitraan penuh dengan Belanda sesudah perang.
Selamat datang. Orang Eropa masih berada di penjara ketika Sekutu kembali September 30. Tapi Soekarno tidak. Melalui lateral yang tidak dapat dipercaya, Jepang telah memasang dia sebagai “Presiden Republik Indonesia.” Mohammad Hatta sangat nyaman bersamanya di Batavia sebagai Wakil President.
Pada minggu lalu Inggris, diisi dengan pemberitahuan pendek pembebasan Asia Tenggara, menyesal sepasang kebijakan salah, yang sudah sudah terjungkir-balik: 1) hanya menduduki kota-kota terbesar di Jawa, berbagi tugas kepolisian dengan pasukan Jepang; 2) memperlakukan Soekarno sebagai pemerintahan de facto.
Dengan lihai tentara bersenjata Jepang nasionalis (PETA) menjadi para perusuh, yang mengamuk dari Depok ke Bandung, Semarang ke Surabaya. Merah & putih bendera “republik” berkibar di banyak tempat yang terjadi pembunuhan dgn perampokan. Kaum nasionalis rupanya belajar banyak tentang terorisme dari Jepang; mereka bertempur sengit dalam pertempuran dengan Inggris, Belanda dan pasukan Jepang, melemparkan tim penyelamat tawanan Sekutu ke penjara, menempati rumah sakit, kamp-kamp penawanan, lapangan udara. Soekarno menangkisnya dengan “perang suci” deklarasi yang disiarkan radio nya. Hatta berteriak: “Ini perang atau revolusi selama bertahun-tahun!” Apa pun itu, itu jelas di luar kendali.
Pembebasan datang di tumit Belanda sendiri, terlihat Belanda belum siap. Pekan lalu, ketika mereka berusaha untuk memperkuat pasukan mereka di Hindia, perpecahan menunjukkan kebijakan mereka sendiri. Di Den Haag, Gubernur Jenderal van Starkenborgh. kuat seperti biasa untuk prestise, berhenti daripada berurusan dengan penduduk asli. Tetapi Gubernur Letnan Jenderal Hubertus J. van Mook, yang berpengalaman di Hindia, sudah siap untuk berurusan dengan mereka, kalau tidak dengan Jepang-melayani Soekarno sendiri, di Batavia.
Di akhir minggu, di tengah kerusuhan baru, Soekarno merebut perhatian dan menjadi headline, menyerukan kepada Presiden Truman untuk menghentikan penggunaan seragam dan peralatan US oleh penembak-penembak Belanda. Apa yang paling dikawatihkan belanda adalah pertanyaan besar: berapa banyak nasionalisme yang telah meningkat di antara jutaan penduduk yang bersikat tenang di Indonesia sebagai akibat dari aturan manusia kuning? Dan bagaimana ramalan Raja Djayabhaya keluar?
Time Magazine
Panglaris
“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”
Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.
“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.”
Diberdayakan oleh Blogger.





