Prajurit Jogokariyo dipandhegani dening priyagung kang pangkate Kaptein, dene pangkat kalenggahane Tumenggung. Umpamane: Bupati Anom Prajurit Wedono Jogokariyo asmane Raden Tumenggung Jayaningrat. Daleme ing Pugeran. Ageman Kaptein: topi songkok ireng diplisir bludiran kuning emas blangkon ireng wulung mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan bludru ireng dibludir kembang-kembangan lunglungan kuning emas, ing jaban klambi ngagem kamus bludiran kuning emas mompyor. Ngagem keris branggah (ladrang) bisa dianggar ing ngiringan sisih tengen dene kang sisih kiwa kanggo nganggar pedhang komandho. Ngagem clana panji-panji ireng bludiran, plisir kuning emas, lan jarit kaprajuritan (lerek parang gapit) supit urang, ing kiwa-tengene ngagem boro cindhe kembang gombyok gim kuning, kaos sikil ireng polos, sepatu pantopel ireng, nganggo dhasi kupon, lan kaos tangan putih.
Ageman kaya kasebut dhuwur iku yen pinuju ngayahi jejibahan gladhi resik ing Alun-alun Kidul. Dhek biyen para Kaptein nitih jaran ing sisih tengen barisan prajurit. Yen pinuju ngayahi tugas Grebegan, agemane ganti kaya kasebut ing ngisor iki:
Ngagem kuluk putih polos. Klambi bludru ireng sikepan bludir kembangan kuning emas. Ngagem dodot (kampuh) semen gurda latar putih. Ngagem lonthong cindhe kembang kamus ireng bludiran. Ngagem keris branggah (ladrang). Ngagem clana cindhe kembang gubet, selop ireng sunggingan, ngasta teken komandho.
Panji Jogokariyo
Panji Jogokariyo ciri-cirine mangkene: topi tempelangan rinengga sunggingan kuning kaya jemang wayang dhasar ireng kain kastup. Blangkon ireng wulung nganggo mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan lurik garis gedhe-gedhe ireng putih, bludiran kembangan kuning mompyor.
Rangkepan hem warna oranye uga sineling strip kuning benang emas, lukisan lunglungan. Lonthong cindhe kembang kamus ireng bludiran kuning emas. Kiwa-tengen ngagem boro cindhe kembang gombyok gim mompyor. Keris branggah (ladrang) disengkelit ing buri geger. Nganggo sayak putih susun telu, rempelan, ing pinggir diplisir kuning emas. Clana panji-panji nutupi dhengkul dibludir kuning emas. Kaos ireng tumrap panji, dene yen jajar ora nganggo kaos tangan. Nganggo srempang kuning polos lan ngasta pedhang komandho.
Ciri-ciri abdidalem Jogokariyo asmane ing ngarep nganggo tembung Parto, umpamane Partonambur, iki penabuh tambur prajurit Jogokariyo.
Raden Panji Partowijoyo iki sing ngasta Panji Printah. Pembageyane lemah pekarangan uga padha kaya panji-panji liyane. Panji 4000 meter pesagi, Sersan 2000 meter pesagi, dene Jajar kurang luwih 1000 meter pesagi, mapan ing Kampung Jogokariyan, Kecamatan Mantrijeron, batas kota Jogja sisih kidul.
Sing ngasta Juaja Dara (gendera) agemane meh padha karo ageman Panji, ngagem krego srempang kuning malah kepara persis padha. Semono uga tumrap sersan bedhil (sela api) lan tumbak, topine sunggingane kuning, klambine ora dibludir kuning, polos kaya penganggo jajar. Jejibahane prajurit Jogokariyo sing baku tungguk kemis (caos) = ing papan-papan kang wis ditemtokake. Jenenge wae wis ngarani Jogokariyo: mesthine njaga keamanane yen ana parigawe.
Prajurit-prajurit iku mau pinangka rerangken upacara gladhi resik ing Alun-alun Kidul lan upacara Grebegan ing Alun-alun Lor, tugase ngurmati hajad dalem gunungan sarana ngedrel (salvo).
Blanjane ing saben sasi uga kaya prajurit liyane: Panji: f.10 perak dhuwit Walanda, Sersan: f. 5, gelo/perak, Jajar: f. 2,50 –seringgit.
Secara global ageman sasetel mangkene: topi tempelangan blangkon ireng wulung mondholan tanpa sinthingan. Klambi sikepan lurik garis gedhe putih. Rangkepan hem ing jero werna oranye. Clana lurik panji-panji. Lonthong (stagen) abang kamus ireng polos. Kaos sikil ireng polos sepatu pantopel. Saya putih rempelan pesagi dawa susun telu. Keris branggah (ladrang). Gegamane bedhil lan tumbak Sabregada cacah 80 jiwa (sagendera).
Juaja/Klebet
Juaja/klebete pesagi papat dhasar jambon, ing tengah plenthong bunder ijo. Jenenge: Papasan. Landheyan/waos: trisula. Instrumen: Slompret siji diasta M. Partoberdonggo. Tambur loro diasta M. Partopenambur lan Partotengoro. Suling loro diasta M. Partopermuni lan M. Partopengrawit.
Lambang gendera ora dijelasake maknane. Rerangken prajurit tekan saprene mujudake naluri lan ngipuk-ipuk kabudayan Jawa, mula mung kari nemu apa anane. Dene iringane gendhing, yen pinuju lampah macak: Slahgunder, lampah mares: Tameng Maduro.
Gendhing-gendhing kang ditindakake prajurit unen-unen saiki wis rada owah, amarga kurang tlaten anggone sinau nirokake iramane gendhing. Nanging lumayan isih ana kang bisa nerusake secara estafet marang generasi mudha.